Selasa, 19 Juni 2012

Satataning Panembah

PANGERAN iku siji, ana ing ngendi papan, langgeng, sing nagndakake jagad iki saisine, dadi sesembahane wong sealam kabeh, nganggo carane dhewe-dhewe. Pengeran iku ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana Pangeran, nanging aja sira ngaku Pangeran. Pangeran iku adoh tanpa wagenan, cedhak tanpa senggolan.
Pangeran iku langgeng, tan kene kinanya ngapa, sangkan paraning dumadi. Pangeran iku bisa maujud, nanging wewujudan iku dudu Pangeran. Pangeran iku kuasa tanpa piranti, akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata.
Pangeran iku ora mbedak-mbedakake kawula-Ne. PAngeran iku Maha Welas lan Maha Asih ; kayuning bawana merga saka kanugerahaning Gusti. Pangeran iku Maha Kuasa, pepesthen saka kersaning Pangeran ora ana sing bisa murungake.
Pangeran iku ora sare lan beda-beda pandumaning Pangeran. Urip iku saka Pangeran , lan bakal bali marang Pangeran.