Satataning Panembah
PANGERAN iku siji, ana ing ngendi papan, langgeng, sing nagndakake jagad
iki saisine, dadi sesembahane wong sealam kabeh, nganggo carane
dhewe-dhewe. Pengeran iku ana ing ngendi papan, aneng sira uga ana
Pangeran, nanging aja sira ngaku Pangeran. Pangeran iku adoh tanpa
wagenan, cedhak tanpa senggolan.
Pangeran iku langgeng, tan kene
kinanya ngapa, sangkan paraning dumadi. Pangeran iku bisa maujud,
nanging wewujudan iku dudu Pangeran. Pangeran iku kuasa tanpa piranti,
akarya alam saisine, kang katon lan kang ora kasat mata.
Pangeran
iku ora mbedak-mbedakake kawula-Ne. PAngeran iku Maha Welas lan Maha
Asih ; kayuning bawana merga saka kanugerahaning Gusti. Pangeran iku
Maha Kuasa, pepesthen saka kersaning Pangeran ora ana sing bisa
murungake.
Pangeran iku ora sare lan beda-beda pandumaning Pangeran. Urip iku saka Pangeran , lan bakal bali marang Pangeran.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar